Rabu, 28 Maret 2012

Dolanan Jamuran


Jamuran
Jamuran iku dolanan kang misuwur ing tlatah Jawa. Jamuran isa dilakokake bocah kang cacahe 4-12. Jamuran lumrahe dianakake ing wektu sore lan bengi nalika padhang bulan. Bocah sing melu dolanan umure antarane 6 nganti 13 taun. Dolanan jamuran bisa dilakokake dening bocah lanang, bocah wadon utawa campuran. Dolanan jamuran ora butuhake perkakas warna-warna, mung butuhake latar kang jembar.


Carane dolanan
Saumpama sing dolanan cacahe 10 (A, B, C, D, E, F, G, H, I, J), banjur diundhi kanthi pingsut, sapa sing kalah bakal dadi. Saumpama sing dadi J, banjur A, B, C, D, E, F, G, H, I baris bentuk bunder, ngubengi J kang ana ing tengah. Banjur A nganti I mau mlaku mubeng-mubeng ngubengi J, sinambi nembangaké tembang jamuran. Nalika tekan pungkasané tembang, A nganti I mandheg anggoné ngubengi J. Banjur J mangsuli pitakoné bocah-bocah sing ngubengi. Saumpama J mangsuli jamur kethèek mènèk, banjur bocah 9 sing ngubengi mau kudu langsung tumindak kaya kethèk. Yen ana bocah sing ora isa niru tumindak kaya kethek, tegese bocah kuwi bakal dadi. Bocah kang dadi isa nyebutake aran jamur apa wae kang kudu dipergakake bocah 9 sing mubengi sing dadi mau. Yen ana bocah sing ora isa, tegese bocah kuwi dadi. Saumpamané jamur gagak, bocah 9 kang ana ing pinggir mau kudu niru tumindaké gagak, yèn salah utawa ora bisa kudu dadi.
Tembang Jamuran
Jamuran
Jamuran ya gégé thok
Jamur apa ya gégé thok
Jamur gajih mbejijih sa ara-ara
Sira mbadhé jamur apa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar